Soal dan Jawaban PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 K13

Posted on

Websiteedukasi.com – Halo sahabat edukasi, bagaimana kabarnya? baik bukan. Berikut File Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Tengah Semester (PTS) atau Soal Ulangan Tengan Semester (UTS) Mata Pelajaran Bahasa Jawa untuk Kelas V SD/MI Semester 2 Kurikulum 2013 Revisi Terbaru.

Soal PTS/UTS Bahasa Jawa Tematik Terpadu Kelas 5 Semester 2 Kurikulum 2013 merupakan soal evaluasi peserta didik berdasarkan materi yang sudah disampaikan oleh guru dalam pertengahan semester. Melalui kegiatan Ulangan Tengan Semester (UTS) atau Penilaian Tengah Semester (PTS) guru mengevaluasi siswa melalui pencapaian nilai.

Mengingat kegiatan Ulangan Tengah semester genap sebentar lagi akan di selenggarakan, adik-adik tentunya perlu mempersiapkan diri. Sebagai bahan latihan, berikut kami berikan soal latihan penilaian tengah semester Mapel Bahasa Jawa Kelas 5 semester 2 beserta dengan kunci jawabannya.

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas V Semester 2 Kurikulum 2013 ini terdiri dari 35 soal pilihan ganda, 10 soal isian singkat dan 5 soal esai. Mudah-mudahan dengan adanya soal latihan tersebut adik-adik bisa mendapatkan nilai yang baik sesuai dengan harapan. Soal ini diambil dari Tema 5. Nasihat dan Tema 6. Budi Pekerti.

Adapun Soal Latihan PTS/UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD/MI Semester 2 Kurikulum 2013 Revisi Terbaru adalah sebagai berikut:

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2

I.Wenehana tanda ping (x) ana ing aksara a,b,c lan d ing wangsulan kang bener ana lembar jawaban kang cumawis !
KD.3.1

Pangkur
(Kapetik saka : Serat Wulangreh Anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV)
Alaning liyan den andhar
Ing becike liyan dipunsimpeni
Becike dhewe ginunggung
Kinarya pasamuan
Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur
Wong kang mangkono wateknya
Nora kena denpedhaki

1. Tembang Pangkur ing dhuwur kapethik saka….
a. Serat Walangreh
b. Serat Wulangreh
c. Serat Walungreh
d. Serat Wulungreh

2. Tembang Pangkur ing duwur dianggit ….
a. Mangkunegara IV
b. Mangkunegara VI
c. Pakubuwana IV
d. Pakubuwana VI

3. Tembang Pangkur kelebu tembang….
a. jawa
b. daerah
c. dolanan
d. macapat

4. Ing ngisor iki kang kalebu paugeran kang ngiket tembang macapat, kajaba….
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru sastra
d. guru gatra

5. Cacah gatra tembang Pangkur ana….
a. 9
b. 8
c. 7
d. 6

6. Guru lagu tembang Pangkur gatra kaping papat yaiku….
a. a
b. u
c. i
d. e

7. Cacahe guru wilangan tembang Pangkur gatra telu ana…
a. 12
b. 10
c. 8
d. 7

8. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping pitu tembang Pangkur ing dhuwur yaiku…
a. 8 u
b. 8 e
c. 8 a
d. 8 i

9. Tembung “andhar “iku tegese….
a. dicritakake
b. disimpen
c. sambat
d. dilakoni

10. Nora kena denpendhaki, ukara iku tegese….
a. ora kena disilihi
b. ora kena dikandani
c. ora kena dicedhaki
d. ora kena diapusi

11. Kosok baline tembung “alane” yaiku….
a. gampang
b. susah
c. bungah
d. becik

12. Watake tembang Pangkur yaiku….
a. seneng
b. sereng
c. grapyak
d. jirih

13. Tumindak kaya sing disebutake ing tembang Pangkur kalebu tumindak sing….
a. prayoga
b. nistha
c. utama
d. becik

14. Tembang Pangkur cocog kanggo ngandhakake pitutur luhur ngenani….
a. sekolahan
b. masyarakat
c. tata cara sinau
d. budi pekerti

15. Tembang Pangkur ing duwur nuduhakae sipate wong sing….
a. gumedhe
b. lembah manah
c. apikan
d. andhap asor

KD.3.2

Rawa Pening

Ing Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa saben taun.Kanggo memetri desa iku ana sarate yaiku kudu nggango daging kewan saka alas.Wis meh sedina muput Wong Banarawa durung nemu kewan siji-sijia.Sajrone ngaso salah sijine wong lungguh ana wit kang rubuh.Wong kuwi mau kaget amarga wit kang ditancepi peso blati metu banyune abang.Bareng diwaspadaake jebul getih ula.Sanalika ula banjur dipateni.Daging ula dienggo sarat memetri desa.

Nalika samana ana Bocah Bajang teka marang Desa Banarawa,Bocah Bajang mau sejatine memblane ula sing padha dipateni wong desa ana ing alas .Ula kuwi mau sejatine yaiku ula Baru Klinting.Ula kang lagi tapa arep gayuh kamulya ning urip.Nalika weruh yen daginge ula wis mateng cumawis,Bocah Bajang marani Ki Juru Mathokan lurahe Desa Banarawa.
“Kulo Nuwun,”Bocah Bajang ngaturake salam.
“He,sapa kowe ?”pitakon Ki Juru Mathakon.
“Kulo Baru Klinting.Kulo badhe nyuwun daging sawer,sakedhik kemawon,”kandhane
Bocah Bajang.
“Kowe ora melu rekasa,arep njaluk daging ?Sing rekasa bae durung ngrasakke.Kana
lunga!Gek ambumu ya ora enak kaya ngene.Lunga !”jawabe Ki Juru Mathokan,karo
senggol.
“Iya,bocah ora genah ,Enggal,lunga sing adoh !”aloke wong-wong ing sacedhake Ki Juru
Mathokan.

Bocah Bajang banjur lunga.Si Bajang tekan omah Mbok Randha.Senajan uripe rekasa Mbok Randha luhur budine.Seneng tetulung marang sapa bae.Mula tekane Si Bajang ditampa kanthi becik.Bocah Bajang diwenehi sega lan daging iwak ula.Sawise mangan ,Bocah Bajang pamitan marang Mbok Randha.
“Mbok ,kula nyuwun pamit.Kula gadhah weling sakedhik.Mangke badhe wonten bena bandang.Mila kula suwun simbok nyawisaken lesung.Mangke simbok minggah lesung.Mugi tansah manggih wilujeng,’’Baru Klinting banjur lunga ninggalake omahe mbok Randha.

Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan minangka panggonane pista memetri desa. Ing kana dheweke nancepake sada lanang ing tengah plataran.Baru Klinting banjur nantang bocah-bocah sing ana ing sacedake.Bocah-bocah padha nyoba mbedol nanging ora bisa.Kabeh wong njajal karosane siji-siji nagging ora ana sing bisa.Ki Juru Mathokan banjur nyusul melu nyoba tetep ora bisa mbedol sada.
Gandheng wis ora ana sing kuwat,Baru Klinting mbedol sada lanang wau.Sanalika tilas tancepane metu banyune gedhe.Saya suwe ngeleb Desa Banarawa.Wong-wong ing Banarawa padha mati klelep.Mung Mbok Randha sing bisa slamet.Desa Banarawa ilang dadi rawa banjur katelah Rawa Pening,dumuning ing kukuban Ambarawa.

16. Syarat kanggo memetri ing Desa Banarawa yaiku…
a. daging kewan saka ngomah
b. daging kewan saka alas
c. daging kewan laut
d. daging kewan sapi lan kebo

17. Bocah Bajang mau sejatine ….
a. membane ula sing dipateni
b. Ki Juru Martani
c. Mbok Randa
d. Ki Juru Mathakon

18. Lurah Desa Banarawa arane ….
a. Ki Lurah Bajang
b. Ki Juru Mondhokan
c. Ki Juru Martani
d. Ki Juru Mathokan

19. Sing mateni ula Baru Klinting yaiku ….
a. Ki Juru Mathokan
b. Bocah Bajang
c. wong desa
d. Mbok Randha

20. Sing teka marani Ki Juru Mathokan amarga arep njaluk daging ula yaiku ….
a. Ki Lurah
b. Mbok Randha
c. wong desa
d. Bocah Bajang

Selangkapnya, bagi bapak ibu guru maupun adik-adik yang ingin mendownload Soal PTS/ UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD/MI Semester 2 Kurikulum 2013 beserta kunci jawaban silahkan melalui tautan link yang ada di bawah ini;

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas V Semester 2 Terbaru

Name : Soal PTS 2 Bahasa Jawa Kelas 5 K13

Format : Word

Size : 25 KB

File Compatible : All Windows

Rekomendasi Kami:
Soal PTS Kelas V Semester 2 K13 Lengkap – Download

Demikianlah Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Tengah Semester Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 5/V Jenjang SD/MI Semester 2 Kurikulum 2013 yang dapat kami bagikan, semoga bermanfaat untuk kita semua. Terima kasih atas kunjungannya.

Ikuti websiteedukasi.com di aplikasi Whatsapp dengan cara Subscribe atau Contact Me untuk mendapatkan perangkat pembelajaran terbaru dengan sangat mudah.