Soal dan Jawaban PTS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 K13

Posted on

Websiteedukasi.com – Halo sahabat edukasi, bagaimana kabarnya? baik bukan. Berikut File Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Tengah Semester (PTS) atau Soal Ulangan Tengan Semester (UTS) Mata Pelajaran Bahasa Jawa untuk Kelas IV SD/MI Semester 2 Kurikulum 2013 Revisi Terbaru.

Soal PTS/UTS Bahasa Jawa Tematik Terpadu Kelas 4 Semester 2 Kurikulum 2013 merupakan soal evaluasi peserta didik berdasarkan materi yang sudah disampaikan oleh guru dalam pertengahan semester. Melalui kegiatan Ulangan Tengan Semester (UTS) atau Penilaian Tengah Semester (PTS) guru mengevaluasi siswa melalui pencapaian nilai.

Mengingat kegiatan Ulangan Tengah semester genap sebentar lagi akan di selenggarakan, adik-adik tentunya perlu mempersiapkan diri. Sebagai bahan latihan, berikut kami berikan soal latihan penilaian tengah semester Mapel Bahasa Jawa Kelas 4 semester 2 beserta dengan kunci jawabannya.

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas IV Semester 2 Kurikulum 2013 ini terdiri dari 35 soal pilihan ganda, 10 soal isian singkat dan 5 soal esai. Mudah-mudahan dengan adanya soal latihan tersebut adik-adik bisa mendapatkan nilai yang baik sesuai dengan harapan.

Adapun Soal Latihan PTS/UTS Bahasa Jawa Kelas 4 SD/MI Semester 2 Kurikulum 2013 Revisi Terbaru adalah sebagai berikut:

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2

I. Wenehana tandha ping (X) ana sangarepe pratelan a, b, c utawa d sing paling bener!
KD 3.1
Gatekna crita ing ngisor iki kanggo soal no 1 – 9!

Dhumadine Bledug Kuwu

Sawise nampa dhawuhe Ajisaka sing saiki wis dadi ratu ing Medangkamolan, Joko Linglung banjur pamit. Wis mantep tekade Joko Linglung bakal ngayahi dhawuhe Ajisaka. Joko Linglung iku titah kang awujud ula gedhe. Sanajan wujude ula, nanging dheweke bisa tata jalma, bisa guneman kaya dene menungsa lumrah. Joko Linglung rumangsa menawa dheweke iku anake Ajisaka kang salah kedaden, lair wujud ula. Mula bareng wes gedhe, dheweke sowan menyang kraton Medangkamolan saperlu njaluk diakoni pinangka anake Ajisaka. Anggone sowan menyang kraton dheweke diterake dening Mbok Randha Retna Mengali kang sesuwene iki ngopeni dheweke. Panganggepe Joko Linglung marang Mbok Randa wis kaya dene wong tuwane dhewe.

Ing pisowanane menyang kraton, Joko Linglung diaku anake Ajisaka menawa dheweke bisa ngalahake bajul putih malihane Prabu Dewatacengkar kang saiki mapan ana ing Segara Kidul. Saliyane iku, menawa dheweke bisa ngalahake si bajul putih iku, mulihe menyang Medangkamolan ora oleh liwat sandhuwure lemah. Dheweke kudu liwat sangisore lemah, jalaran menawa liwat dalan biasa mesthi bakal gawe wedine rakyat Medangkamolan.
“Joko Linglung, kowe dakakoni putraku menawa kowe bias mateni bajul putih malihane Prabu Dewatacengkar kang saiki manggon ing pesisir Segara Kidul. Dheweke tansah gawe cilaka lan sengsarane rakyat Medangkamolan kang mapan ana ing sakiwa tengene pesisir iku. Saliyane iku, merga awakmu kang wujud ula gedhe, mulihmu menyang Medangkamolan menawa wis kasil mateni Bajul Putih aja liwat dalan. Kowe gawea dalan dhewe liwat njero bumi. Menawa kowe liwat dalan, kowe bakal gawe gisire rakyat Medangkamolan. Apa kowe sanggup, Kaki?”
“Inggih, kula sagah, Gusti,” wangsulane Joko Linglung.

Cekaking crita, Joko Linglung kasil mateni Bajul Putih. Kanthi nggawa tugelaning drijine Bajul Putih, Joko Linglung enggal-enggal mulih menyang Medangkamolan. Kaya dhawuhe Ajisaka, anggone mulih Joko Linglung liwat sanjerone lemah, kanthi gawe dalan dhewe.

Sawise rumangsa suwe anggone mlaku liwat njero bumi, Joko Linglung banjur njedhul, metu saka njeron lemah. Karepe mesthekake wis tekan apa durung. Nalika mangerteni menawa durung teka, dheweke banjur bali ambles bumi maneh. Mangkono bola-bali dilakoni nanging durung tekan-tekan ing Medangkamolan.
Tekan ing sawijinning panggonan. Joko Linglung bali njedhul, metu maneh saka njeron lemah, nanging nyatane isih durung tekan. Joko Linglung wiwit mupua. Nalika njedhul maneh saka njeron bumi sing dipethuki mung ara-ara amba, sheweke ambles njedul ambles njedhul bola-bali. Napase kang ngos-ngosan gawe lemah ing kono muncrat-muncrat. Nganti seprene lemah ing papan kono isih koyo mengkono, sedhela-sedhela muncrat karo ngetokake swara “bledhug…bledhug…bledhug.” Gandheng papan kono jenenge Kuwu, mula nganti seperene banjur diarani Bledhug Kuwu.

Dene Joko Lingkung wusanane banjue bisa teka ing kraton Medangkamolan lan diakoni anak deneng Ajisaka.

Semarang, Agustus 2014
Sri Sunarsih, Bledhug Kuwu, Besutan Crita Rakyat

1. Joko Linglung iku lair wujude….
a. ula gedhe
b. baya putih
c. bulus putih
d. bajul putih

2. Joko Linglung bakal ngayahi dhawuhe Ajisaka. Ukara iku nudhuhake yen Joko Linglung duwe sifat ….
a. sombong
b. goroh
c. mituhu
d. ngapusi

3. Ajisaka dadi ratu ing Medangkomulan. Tembung kang kecetak kandel kramane….
a. patih
b. camat
c. nata
d. bupati

4. Senajan wujude ula nanging dheweke bisa guneman. Tegese guneman yaiku….
a. omong
b. guyon
c. mlaku
d. mangan

5. Wacan ing dhuwur duwe pitutur kang luhur menawa menungsa kudu bisa….
a. tepa slira
b. guneman
c. tata karma
d. sekti

6. Sanajan wujude ula, nanging Joko Linglung bias tata jalma….
a. siraeh ula, awake menungsa
b. bisa guneman kaya dene menungsa lumrah
c. siraeh menungsa, awake ula
d. bisa gawe cilakane manungsa

7. Joko Linglung sowan menyang kraton Medangkamolan perlune….
a. nyuwun pusakane Ajisaka
b. nampa dhawuhe Ajisaka
c. njaluk diparingi kasekten dening Ajisaka
d. njaluk didaku anak dening Ajisaka

8. Sowane Joko Linglung diterake dening….
a. Mbok Randha Dhadhapan
b. Mbok Randa Retna Mengali
c. Ki Hajar Salokantara
d. Ni Endang

9. Joko Linglung diweling mulihe supaya kepriye….
a. liwat sandhuwure lemah
b. liwat sangisore lemah
c. liwat dalan biasa
d. Mabur liwat dhuwur

KD 3.2

GAMBUH

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

10. Tembang gambuh iku dumadi saka … gatra.
a. 1
b. 5
c. 6
d. 4

11. Tembung gatra tegese padha karo….
a. baris/larik
b. paragraph
c. bait
d. ukara

12. Kang cinatur polah kang kalantur. Tembung kalantur iku tegese….
a. kebacut
b. wewarah
c. kembang
d. pitutur

13. Guru wilangan gatra kaping pisan tembang gambuh yaiku….
a. 10
b. 8
c. 7
d. 12

KD 3.1
Gatekna crita ing isor iki !

Dumadine Rawa Pening

Nalika warga desa lagi padha pista mangan enak lawuh iwak ula asil buronane, ana bocah bajang keluwen mara nyedhaki. Kanthi rasa kepengin banget, bocah bajang iku nyedhaki sawijining wong lanang kang lagi manga nana ing kono.
“Nyuwun Pak, kula luwe…..” tembunge.
“Eh kana! Kana! Semingkir sing adoh! Awakmu reget, ora ngenak-enaki wong pista! Kana sumingkir sing adoh, aja ana kene!”
Bocah bajang iku lunga, ganti nyedhaki wong liyane.
“Nyuwun Pak, kula luwe,” bali tembunge.

Kaya wong mau, bocah bajang iku ora diwenehi sega, malah disurung-surung dikon lunga. Kanthi ati lara lan nelangsa, bocah bajanf iku lunga ninggalake papan kono. Tekan ing sawijining omah, dheweke ngambu masakan kang sedhep banget sing gawe wetenge sangsaya krasa luwe. Dheweke nembung mangan marang sing duwe omah, nanging ora diwenehi.

Mangkono, saben uwong kang dijaluki pangan ora ana sing menehi. Bocah bajang iku malah diusir, dikongkon lunga sing adoh. Kanthi tumungkul, bocah bajang iku mlaku nglungani wong-wong iku. Ora krasa, lakune tumeka ing sawijining omah gubug. Bocah bajang iku mandheg, lungguhan ing cedhak kono.

“Ngger, ngapa kok lungguhan ana kono? Kene lho, mlebu omah kene” aloke swara saka njero gubug.
Bocah bajang kaget, noleh ngiwa lan nengen.
“Kene lho Ngger, mlebua omah kene. Iki ana sega sethithik, ayo dipangan bareng!”, pangajake nini nini tuwa sing duwe gubug.
“Mbah, kula matur nuwun diparingi maem. Mangke nek wonten banjir panjenengan numpak lesung niki nggih, Mbah? Pun kula nyuwun pamit.”

Karo kandha kaya mengkono bocah bajang iku lunga ninggalake nini tuwa iku.
Bener kandhane bocah bajang. Ora let suwe dumadakane desa iki keleban banjir. Banyune banjir bening banget. Wong sadesa kabeh padha klelep ora ana sing slamet, kejaba nini tuwa kang numpak lesung. Desa iku keleban banjir dadi rawa. Rawane bening banget.
“Bening, bening bening,” kandhane nini nini tuwa karo numpak kesung.
Wusanane rawa iku dijenengake rawa pening, nganti saiki.

Semarang, Juni 2013
Gunadi Aryo, Crita Rakyat Jawa Tengah.

14. Desa ing wacan padha pista mangan enak lawuh iwak….
a. sapi
b. kebo
c. ula
d. menjangan

15. Nalika padha pista, ana bocah bajang keluwen nyedhaki. Tembung keluuwen tegese padha karo….
a. kakehan
b. weruh
c. sambat
d. ngelih

16. Bocah bajang iku nyedhaki wong kang lagi padha pista karepe….
a. njaluk mangan
b. njaluk ngombe
c. melu pista
d. melu mangan

17. Bocah bajang dikongkon semingkir sing adoh merga awake….
a. lemu
b. kuru
c. gudhigen
d. reget

18. Sidane bojah bajang diwenehi pangan dening nini….
a. ayu
b. ompong
c. randa
d. tuwa

19. Sadurunge pamit, bocah bajang meling nini nini menawa ana apa-apa supaya numpak….
a. lesung
b. kapal
c. prau
d. gethek

20. Jeneng Rawa Pening dumadine saka tembung….
a. pening
b. wening
c. bening
d. hening

Selangkapnya, bagi bapak ibu guru maupun adik-adik yang ingin mendownload Soal PTS/ UTS Bahasa Jawa Kelas 4 SD/MI Semester 2 Kurikulum 2013 beserta kunci jawaban silahkan melalui tautan link yang ada di bawah ini;

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas IV Semester 2 Terbaru

Name : Soal PTS 2 Bahasa Jawa Kelas 4 K13

Format : Word

Size : 32 KB

File Compatible : All Windows

Rekomendasi Kami:
Soal PTS Kelas IV Semester 2 K13 Lengkap – Download

Demikianlah Soal dan Kunci Jawaban Penilaian Tengah Semester Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 4/IV Jenjang SD/MI Semester 2 Kurikulum 2013 yang dapat kami bagikan, semoga bermanfaat untuk kita semua. Terima kasih atas kunjungannya.

Ikuti websiteedukasi.com di aplikasi Whatsapp dengan cara Subscribe atau Contact Me untuk mendapatkan perangkat pembelajaran terbaru dengan sangat mudah.